SemutAspal

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat

Contoh cerkak bahasa Jawa
Contoh cerkak bahasa Jawa

Apa itu cerkak atau cerita cekak? Secara harfiah, pengertian cerkak yaitu cerita pendek dalam bahasa Jawa untuk menceritakan kisah, legenda, dongeng, serta pengalaman pribadi seseorang.

Cerkak bahasa Jawa kerap kali digunakan untuk menceritakan kisah pelajaran moral tentang berbagai hal yang bisa dinyatakan ke orang lain. Beberapa tema yang bisa diangkat antara lain cinta katresnan, pendidikan, pengalaman hidup, masalah sosial, dan Covid-19.

Unsur Ekstrinsik dan Intrinsik

Dalam cerkak, terdapat unsur ekstrinsik dan intrinsik.

  • Unsur intrinsik, meliputi:
    1. Tema adalah konsep atau gagasan pokok yang mendominasi cerita. Tema yaiku pokok prakara sing dibahas.
    2. Alur adalah urutan kejadian dalam cerita. Alur yaiku urut-urutane kedadean ing cerita.
    3. Latar adalah tempat tempat, waktu, dan suasana cerita. Latar yaiku papan, wektu, lan suasana cerita.
    4. Tokoh adalah pelaku yang membangun cerita dalam cerpen. Paraga yaiku tokoh sing ana ing cerita.
    5. Penokohan adalah atribut-atribut atau sifat-sifat yang membentuk karakteristik individu dalam sebuah narasi atau cerita. Watak yaiku tandha-tandha utawa karakter saben paraga ing cerita.
    6. Gaya bahasa merujuk pada cara pengarang menggunakan bahasa dalam sebuah cerpen. Gaya basa yaiku gaya basa sing dinggo pengarang ning cerita.
    7. Sudut pandang merujuk pada perspektif dari mana pengarang memandang dan menghadirkan cerita. Sudut pandang yaiku carane pengarang mapakake tokoh ing cerita.
    8. Amanat merupakan pesan yang pengarang sampaikan kepada pembaca melalui ceritanya. Amanat yaiku piweling sing diwenehake marang pembaca cerita kasebut.
  • Unsur ekstrinsik, meliputi:
    1. Suasana sosial
    2. Nilai
    3. Latar belakang pengarang

Struktur Penulisan

Sama seperti cerpen bahasa Bali, cerkak bahasa Jawa memiliki struktur yang terdiri dari:

  • Eksposisi adalah babak yang menceriterakan tokoh sesuai latar cerita. Eksposisi yaiku bagian sing nyeritakake paraga miturut latar cerita.
  • Komplikasi adalah babak yang menceriterakan peristiwa yang memicu konflik. Komplikasi yaiku bagian kang njabarake kedadean sing nggawe konflik.
  • Krisis adalah babak yang menceriterakan cara tokoh menyelesaikan masalah. Krisis yaiku babak sing nyeritakake cara paraga ngrampungake masalah.
  • Klimaks adalah titik di mana puncak konflik yang dialami tokoh terjadi. Klimaks yaiku bagian puncak konflik sing dialami paraga.
  • Penyelesaian adalah babak ketika konflik telah mereda. Penyelesaian yaiku bagian pas konflik wis rampungan.
  • Pesan moral adalah babak berisi pesan moral yang disampaikan dalam cerita. Pesan moral yaiku bagian sing njabarake pesan moral ing njero cerita.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa

Agar lebih mudah memahami cerkak, berikut adalah contoh cerkak dalam bahasa Jawa dari berbagai tema.

1. Cerkak Jawa Persahabatan

Banyak pembahasan tentang pertemanan yang bisa diangkat menjadi cerkak bahasa Jawa. Sebagai ilustrasi, berikut ini adalah sebuah narasi tentang seorang sahabat yang memiliki hati yang penuh kebaikan.

Sahabatku sing Becik Atine

Aku karo kancaku niliki Andi mergo wis ra blebu seminggu. Jarene Andi keno lara tipes. Aku karo kancaku urunan nukokne roti karo buah nggo Andi. Dewe rono bareng-bareng numpak onthel sisan bali. Tapi pas ning ndalan, ban onthelku ra sengojo kecoblos paku.

“Eh, onthelku kroso gliyat-gliyut,” kondoku ning Edo.

“Iyo. Gliyat-gliyut pitmu.” jawabe Edo.

“Do, mandek sik, Do. Tak tilikane kok pitku ngene,” kondoku.

Banjur aku mbek Edo mandek ndelok onthelku asline kenek opo. Kancaku liyane lanjut ning nggenjot nin omahe Andi. Pas tak delok, jebule banku kecoblos paku nganti gembos. Aku akhire golek jasa tambal ban bareng Edo.

Tapi pas kui tambal ban ra ono sing bukak. Ya wis, onthelku tak tuntun ning omah terus nggonceng Edo.

2. Cerkak Jawa Singkat

Cerkak bahasa Jawa singkat ini ditulis tidak terlalu panjang. Tema yang diangkat adalah memelihara ayam. Di sana tertulis bagaimana alur cerita mulai dari membahas kandang, hasil telur, pakan, hingga daging.

Ngingah Pitik

Bapak terkenal dadi pengusaha pitik ning desaku. Ana 5 kandang ukuran 6 x 5 meter didekekne mburi omah dinggo 50 pitik. Saben dino, aku ngewangi makani pitike bapak ben cepet gedhe terus iso didol. Pakan pitik dicepakne macem-macem jenise, mulai beras, dedak, ngasi jagung.

Gen murah, bapak tuku pakan ning tengkulak langganane. Endog seko pitik diklumpukne saben dino. Alhamdulilah keluargaku nduweni usaha dewe.

Jujur, aku seneng sinau babagan pitik langsung mbek bapak. Aku duwe cita-cita iso nerusne apa sing dikerjakne bapak ben luwih gedhe.

3. Cerkak Jawa Panjang

Walaupun istilah “cerkak” secara literal merujuk pada cerita pendek, itu tidak mengimplikasikan bahwa panjang teks harus terbatas. Dalam konteks ini, cerkak dapat memiliki panjang teks maksimal satu halaman.

Contoh cerita berikut ini menceriterakan Wisnu yang akan dibelikan sepeda baru oleh Ayahnya jika memperoleh ranking 1.

Tumbas Pit Onthel Anyar

Sore kui Wisnu lagi lungguh ning kursi ngarep omah. Ulate mbesengut, atine nggondok sebel.

“Bu, bapak dereng rawuh? Kok suwe banget,” Wisnu takok marang ibune. Jebule Wisnu dijanjeni bapake bakale dijak golek onthel.

Wisnu banjur kelingan karo janjine bapake sing bakal numbaske pit yen dheweke iso rangking 1.

“Bapak jih kerjo, Nu. Ketoke mulihe rodho telat,” omonge ibuk.

Wisnu nyauri, “Lha bapak pun janji ajeng numbasne pit anyar. Bapak kesupen po ya.”

Ra let suwe, ono suara motor teko ning ngomah. Wisnu mlayu nonton yen iku motore bapak.

“Ye! Bapak rawuh,” sorak Wisnu mergo bungah atine.

Awale, Wisnu sing ketok lesu, bingung, dan gelisah langsung semangat. Polahe kui mau mergo Wisnu rapotan lan Wisnu ranking siji.

“Pak, sios tumbas pit anyar kagem Wisnu?” Wisnu mastekne menyang bapake.

“Wah, oleh ranking 1 to? Selamat ya, Wis. Ayo adus bar kui budal tumbas pit onthel,” jawab bapake Wisnu.

Terus ra perlu susah, Wisnu garcep njipuk klambi lan mangkat adus.

“Sak gebyur yo wis cukup nggo adus saiki. Gen cepet,” Wisnu mbatin.

Rampungan adus, Wisnu dijongkati karo ibuke gen tambah bagus. Bar kui marani bapake sing wis ngenteni ning ngarep ngomah. Ing toko onthel, Wisnu ngasi bingung milih pit sing dipingini sing ndi.

Akeh pilihan pit apik sing dipajang mulai rego 1 juta ngasi 3 juta. Sak wise ndelok-ndelok pit ning kunu, Wisnu sreg karo pit sing warnane oranye.

“Pak, aku remen karo pit niki,” kandane Wisnu ning bapake.

“Sik, jajal tak tekonke regane piro,” saure bapake.

Tibake rego pit sing disenengi Wisnu regane 2 juta. Bapake setuju mbek pit pilihane Wisnu mergo warnane apik. Wisnu dewe yakin yen pit kui durung dinduweni kanca-kancane.

“Jos pilihanmu, Wis,” dawuh bapake Wisnu.

Bar dibayar bapake Wisnu, pit kui digowo mulih nyang omah. Wisnu wis ra sabar nggowo pit iku ning sekolah. Bengi kui jelas kerasa suwe banget nggo Wisnu.

4. Cerkak Jawa Pengalaman Pribadi

Cerkak bahasa Jawa pribadi bisa bebas dan mudah dibuat oleh semua orang karena itu hanya menceritakan pengalaman pribadi. Cerita pendek “cerkak” kerap memakai kata ganti “aku”.

Acara Perayaan Ulang Tahunku

Aku minggu wingi ulang tahun ke-10. Ibuku ngadakne acara peringatan ulang tahun nggo aku ning omah mbek kanca-kancaku. Aku seneng pas ibuk ngomong nek ultahku bakale dirayakne mbek kanca-kanca.

Sedino saurunge aku ulang tahun, aku dijak bapak tuku klambi anyar dinggo acaraku ning omah. Ruang tamu ning omah dihiasi pita lan balon sing meriah.

Ora mung kuwi, ibukku ternyata pesen roti minion senenganku. Sesuke, koncoku teko ning acaraku nggowo kado buku, tas, pensil, mbek sepatu.

5. Cerkak Jawa tentang Liburan

Setelah masa liburan sekolah, para murid akan diminta untuk membagikan pengalaman pribadi pada masa liburan dalam mata pelajaran bahasa Jawa. Cerita yang biasa dibawakan adalah pengalaman berkunjung ke rumah di desa, berwisata, atau acara bersama orang tua lainnya.

Preian ing Griyane Simbah

Ora keroso minggu ngarep prei sekolah. Keluargaku duwe rencana dolan ning griyane kakungku sing Gunung Pati. Desane kakungku kui ijih asri, sawahe ijo banget, lan kaline bening.

Perjalanan ning griyane kakung sekitar 5 jam. Bar subuhan, aku adus lan nyepakne salin nggo dolan rono. Ora lali, ibukku nyepakne maem nggo sangu ning ndalan.

Pas perjalanan, aku nontoni pemandangan gunung sing apik. Keluargaku mangkat jam 7 seko omah. Aku duwe kepengenan lungo ning kali. Ora krasa jam 12 meh tekan nggone kakungku. Tekan kono, kakungku wis ono ing ngarep omah ngenteni aku.

Selama ning desa, aku lungo metu ning kali, kebon, lan sawah. Aku seneng rasane iso liburan menyang desane kakung.

6. Cerita Bahasa Jawa Tema Sosial

Sejumlah pesan moral terkait pentingnya hubungan sosial bisa disalurkan melalui cerkak bertema kerja bakti seperti berikut. Ini bisa kamu jadikan contoh untuk karyamu.

Kerja Bakti

Jumat sore wingi bapak lan aku lungguh cerita-cerita ning ngarep ngomah, banjur teko wong ngucap salam seko ndalan.

“Assalamualaikum, kulo nuwun,” ature Pak RT.

“Woooo. Pak RT. Enten dawuh pak?” saure bapakku.

Sore kui Pak RT mubeng ning omah-omahe wargane mbagekake selebaran kerja bakti suk Minggu jam 7 esuk.

Aku langsung ngomong ning bapak, “Aku sesuk nderek, aku sesuk kerja bakti.”

“Iya. Rapapa. Ajar srawung karo tanggane,” jare bapakku sore kui.

Sesuk isuke, aku semangat tangi gasik. Bar kui, aku sarapan disik mergo wedi ra kuat kerja bakti warga sak-RT. Bapak mbek aku mangkat kerja bakti nggawa arit lan pacul.

“Iki pacule gawanen, bapak tak gawa arit,” unine bapak.

“Oh, nggih,” jawabku menyang bapak.

Terus dewe langsung mangkat ning lapangan kumpul mbek warga sing wis teko disik. Ning kono wis eneng Pak RT, Mas Bambang, lan Pak Indra. Ra suwe, warga mulai do teko gawa peralatane.

Bapak karo aku ditugasi ngresiki suket ning gapura kampung. Warga liyane ono sing ngresiki kalen, mindahi pasir, karo bakar sampah. Kerja bakti iki kui acara sing dianakake rutin saben sasi.

7. Cerkak Jawa tentang Katresnan

Rasa cinta pada orang lain bisa kamu buat sebagai bahan membuat cerkak (cerita pendek). Contoh cerkak bahasa Jawa katresnan berikut menceritakan tentang rasa cinta anak pada ibunya dan berupaya membahagiakannya.

Katresnanku ning Ibu

Aku awit cilik diopeni kalih ibu ing omah sing ra gede-gede banget. Bapak kerjo adoh, bali pendak 3 sasi pisan. Sore wingi, moro-moro HPku dibel karo nomer anyar.

“Hallo, niki leres mas Niko?” suara ing telepon.

“Nggih, leres pak,” saurku.

“Selamet yo mas. Sampeyan keterima dadi pegawe ning kantor kelurahan,” balese.

Mudeng kabar kui, aku langsung girang, atiku kerasa bungah. Aku terus sanjang marang ibu, “Buk, kulo ditampi nyambut damel dados pegawe ing kantor kelurahan.”

Ibuku langsung terharu, “Selamet ya le. Aku ra nyangka, Gusti maringi awak dewe rejeki iki.”

Keluargaku kegolong warga ra patek mampu. Masio wong ra duwe, ibukku nyekolahne aku ngasi kuliah. Direwangi dadi buruh, ngasak ning sawah, kabeh dilakoni ibuk.

Aku sayang marang ibuku, seko kabar iki aku janji bakale terus nyenengke ibuku. Aku bakal bales katresnane ibuk ning aku, anak siji-sijine.

8. Cerkak Jawa Pendidikan

Cerkak bahasa Jawa dengan tema pendidikan banyak dibuat. Topik cerita yang dibahas tak jauh-jauh dari pengalaman belajar. Berikut adalah contoh cerkak bahasa Jawa bertema pendidikan.

Mlebu SMP

Sesuk wis mlebu sekolah meneh. Ora kerasa ati iki deg-degan mergo sesuk aku mangkat ning SMP. Aku saiki sekolah ning SMP sing dak pengeni. Ra sabar aku oleh guru, pengalaman, lan kanca anyar.

Wong tuaku akeh ngekeki wejangan gen aku sekolah tenanan. Aku ya diomongi kudu iso njaga pergaulan. Senin esuk, aku diterne bapak ning sekolah ngenggo seragam anyar nganti ngarep gerbang terus pamit.

Bapak matur, “Nek wis bali kabari ya, mengko tak pethuk.”

“Inggih,” saurku.

Aku mlaku mlebu sekolah. Akeh kancaku baris ning lapangan. Dino iki ono kegiatan “MOS” nggo siswa anyar gen kenal lingkungan sekolah anyare. Acara MOS diwiwiti upacara bendera, terus wejangan bapak kepala SMP, lan mubeng nonton lingkungan sekolah.

9. Cerkak Cinta Jawa

Cinta adalah bahasan yang kerap dipakai dalam berbagai karya, tak terkecuali cerita pendek. Cerita pendek tema cinta berkutat pada kisah cinta muda-mudi. Berikut adalah contoh cerkak bahasa Jawa dengan tema cinta.

Cinta: Katresnan

Jenengku Sinta. Aku duwe konco sing jenenge Indra. Indra kui konco kuliah sing dadi pejabat HIMA Fakultas Peternakan. Aku kenal Indra dikenalke koncoku anggota HIMA. Indra kui bocahe gedhe, duwur, bagus ngunu. Pituture alus lan ketata ning kabeh kenalane.

Sak wise kenalan, aku mulai tresno ning Indra ning aku isin. Piye carane kondo rasa tresno iki. Pas eneng acara kampus, ra sengaja aku ketemu meneh karo dheweke. Pas banget deweke panitia ning acara kui. Njur aku golek cara gen iso ngomong.

“Mas, piye kabarmu?” basa-basiku.

“Sehat, Sin,” jawabe, “Piye kabare?”

“Sehat mas, iki aku ning kene,” balesku.

Seko omongan kui aku karo deweke dadi kerep ketemu. Aku mbek Indra kerep nggarap tugas bareng ning kampus. Enek salah siji ning wektu, Indra ngungkapke perasaane ning aku. Wahh, seneng aku pas kui!

10. Cerkak Covid-19

Pasca Covid-19 menyebar, tema Covid menarik untuk diangkat dan dijadikan bahan. Selain contoh cerita, tema satu ini diangkat untuk menerangkan pentingnya penanggulangan Covid-19. Berikut adalah contoh cerkak bahasa Jawa bertema Covid-19.

Covid-19

Wis lewat setahun negara iki keno kasus Covid-19 pertama. Berita soal kui akeh disiarake ning surat kabar lan TV. Aku lan tonggo teparo pas oleh kabar kui langsung rapat sore kae.

Pas awal-awal, Pak RT nduwe rencana apik gen wabah kui ora tekan kampunge dewe. Para warga dipenging metu omah. Dalanan mlebu desa sementara bakale ditutup, sekolah lan kerjonan dipreikne. Warga sing melu rapat desa podo setuju.

Pak RT ngendikan, “Wabah Covid-19 dudu wabah biasa, awake dewe kudu do ati-ati, ojo metu seko omah disik nek ra nduwe alesan penting.”

Kesimpulan

Dari contoh cerkak di atas dapat diambil kesimpulan bahwa terdapat ciri dan karakteristik khusus yang ada pada cerkak bahasa Jawa. Ciri tersebut antara lain:

  1. Cerita pendek
  2. Bisa bersifat fiktif dan non-fiktif
  3. Naratif dan lugas
  4. Terkait dengan kegiatan seseorang atau kelompok
  5. Mempunyai kesan tunggal

Pembahasan contoh cerkak bahasa Jawa selesai di sini. Semoga 10 penjelasan tema cerkak terkait pengalaman pribadi, pendidikan, cinta, sosial, dan Covid-19 bisa kamu pakai sebagai referensi membuat cerkakmu sendiri.

Jika kamu kesulitan meski telah melihat contoh cerkak bahasa Jawa, kamu bisa gunakan alat translate bahasa Jawa untuk mempermudah.


Dapatkan berita terbaru! Ikuti kami di Google News dan dapatkan kabar terupdate langsung di genggaman.

Promo garansi Shopee
Yosua Herbi
Herbi adalah seorang Web Developer asal Jawa Tengah lulusan D-3 Manajemen Informatika. Memiliki pengalaman dan kecintaan di bidang geopolitik, keuangan, pemrograman, digital marketing, dan sosial.
Logo SemutAspal