
Kamu yang berada di Jawa Tengah maupun Jawa Timur mungkin sering mendengar sesorah atau pidato bahasa Jawa pada acara-acara penting, contoh pidato perpisahan sekolah dan upacara.
Pengertian Sesorah
Apa yang dimaksud sesorah? Pengertian sesorah adalah jenis pidato dengan bahasa Jawa pada berbagai macam kegiatan.
Pidato adalah bentuk komunikasi satu arah yang digunakan untuk menyampaikan gagasan dan pendapat pada khalayak umum. Pembaca yang menyampaikan pidato disebut sebagai orator.
Sesorah yaiku pidato utawa medharake gagasan kanthi lisan wonten ing sak ngarepe tiyang kathah.
Tujuan Pidato Bahasa Jawa
Berikut adalah beberapa tujuan dibuatnya pidato bahasa Jawa:
- Untuk memberikan sebuah informasi atau wawasan (ngaturi pangertosan)
- Untuk memberikan nasehat atau peringatan (paring pitutur)
- Memersuasi pendengar agar melakukan suatu hal (ngajak pamiarsa nindakake satunggaling bab)
Struktur Pidato Bahasa Jawa
Seperti jenis pidato lainnya, pidato bahasa Jawa memuat 3 struktur pokok, yakni pembukaan, isi, dan penutup.
1. Pembukaan (Mukadimah)
Purwaka basa yaiku bagian sesorah kang duweni isi ngaturake syukur marang Gusti lan atur panuwun marang bapak ibu. Pembukaan dalam sesorah biasanya meliputi 3 hal, yakni:
- Salam pembuka (atur salam)
- Salam penghormatan atau kata sambutan (atur pikurmatan)
- Ucapan syukur (atur syukur)
2. Isi (Suarasa Basa)
Surasa basa yaiku udharaning bab kang diwedherekake marang pamirsa.
Isi biasa disebut juga sebagai wosing gati atau wigatining sesorah, yaitu pokok bahasan yang disampaikan dalam pidato. Dalam penyampaiannya, isi pidato harus disesuaikan dengan tema acara yang diselenggarakan.
3. Penutup (Wasana Basa)
Wasana basa yaiku atur panuwun saha nyuwun pangapura yen gadah luput marang pemirsa.
Bagian penutup biasanya berisi permohonan maaf atas kesalahan dan kekurangan selama penyampaian pidato, serta ucapan terima kasih. Di acara tertentu, orator bisa juga menyampaikan harapan atau pangarep-arep.
Misalnya ketika guru berpidato di acara persiapan Ujian Nasional sekolah, bisa menyampaikan harapan agar para siswa mengerjakan UN dengan baik dan dapat lulus dengan nilai yang memuaskan.
Contoh Pidato Bahasa Jawa dalam Berbagai Tema
Melansir dari berbagai sumber, berikut adalah beberapa contoh sesorah bahasa Jawa lengkap dengan struktur untuk dijadikan referensi.
1. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, bapak/ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati, saha ugi adik-adik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal punika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal punika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan punika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan bapak ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adik-adik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel bapak ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng bapak/ibu guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Baca Terjemahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Terima kasih Bapak Kepala Sekolah yang terhormat, tamu undangan, bapak/ibu guru serta karyawan yang saya hormati, dan juga adik-adik kelas bersama teman-teman yang saya sayangi.
Puji syukur kepada Tuhan Allah yang Maha Pengasih, yang pada saat ini kita diberi rahmat sehingga sekarang kita dapat berkumpul dalam sehat sentosa.
Saya sebagai wakil dari siswa kelas IX, menghaturkan banyak terima kasih kepada bapak ibu guru, karena dengan kasih sayang yang besar mendidik saya dan teman-teman, sehingga dapat menyelesaikan kewajiban menimba ilmu di tempat ini.
Saya dan teman-teman hanya bisa berharap, semoga segala amal dan kebaikan bapak ibu mendapat balasan dari Tuhan yang Maha Besar, dan selalu diberi kesehatan, keselamatan, dan ketentraman sehingga dapat mendidik adik-adik sampai selesai dengan nilai yang memuaskan.
Tidak lupa saya dan teman-teman juga meminta maaf, karena kami sering membuat bapak ibu marah dan kecewa baik dalam ucapan maupun tindakan, kami sering tidak mendengar ajaran bapak ibu guru.
Kepada bapak/ibu guru dan adik-adik semua, sekali lagi saya berdoa semoga selalu diberi rahmat dan berkat dari Tuhan, amin.
Cukup sekian yang saya sampaikan, jika banyak salah ucap dan tindakan yang membuat tidak nyaman, saya mohon maaf.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Contoh pidato lain:
2. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
Berikut adalah beberapa contoh pidato bahasa Jawa tema pendidikan yang bisa kamu jadikan referensi.
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya. Amin.
Bapak Kepala SMAN 1 Mlati ingkang dahat kinurmatan. Bapak ibu guru saha staf karyawan SMAN 1 Mlati ingkang kula hormati saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Awit saking kemirahanipun kita sedaya tasih dipunparingi kesehatan saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan punika tanpa alangan setungga menapa.
Wonten ing pepanggihan punika tema ingkang badhe kula aturaken inggih punika pendidikan kegem nglestariaken kabudayaan Jawa. Pendidikan punika gadahi andil ingkang ageng anggenipun nglesatriaken kabudayaan Jawa. Jalaran saking pendidikan kebudayaan punika, kita saged paring ilmu saha pituduh menapa-menapa kemawon ingkang wonten ing kebudayaan Jawa. Kabudayaan Jawa punika sakpunika sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran sampun sekedik generasi nem ingkang tertarik lan nglestariake kabudayaan Jawa.
Kabudayaan-kabudayaan ingkang badhe ical punika saged dipunslametaken kanthi peran saking sekolah ingkang gadahi peranan ageng kagem pengkaderan generasi nem ingkang gadahi kemampuan wonten ing kabudayaan-kabudayaan Jawa utaminipun kabudayaan ingkang badhe ical. Kanthi dipunbiyantu kaliyan peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan Jawi punika saged lestari.
Pendidikan budaya punika saged dipundadosaken pembekalan para siswa babagan kabudayaaan Jawa. Saengga para siswa lulusan sekolah punika gadahi bekal babagan kabudayaan Jawa saha siap terjun wonten ing tengah-tengah masyarakat kagem nglestariaken budaya Jawa. Para siswa ugi saged nularaken ilmu ingkang sampun katampi saking bangku sekolahan dumateng masyarakat ingkang tasih awam babagan kabudayaan Jawa saha siswa ugi saged ngangsu kawruh babagan kabudayaan Jawa ingkang dereng dipunajaraken saking sekolahan. Saengga para siswa punika saged nampi pasinanon kabudayaan Jawa saking kalih sumber inggih punika pendidikan formal utawi sekolahan saha saking masyarakat.
Mugi-mugi lewat pendidikan budaya punika generasi nem saged paring pambiyantu ingkang ageng kagem usaha anggenipun budaya Jawa punika tetep lestari.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kalepatanipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Baca Terjemahan
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Salam damai sejahtera bagi kita semua. Amin.
Yang terhormat, Bapak Kepala SMAN 1 Mlati. Bapak ibu guru serta staf karyawan SMAN 1 Mlati yang saya hormati juga teman-teman yang saya sayangi.
Sebelumnya, mari kita panjatkan puji syukur ke hadirat Tuhan yang Maha Kuasa. Karena dari kemurahannya kita semua masih diberi kesehatan sehingga kita semua dapat berkumpul di tempat ini tanpa halangan berarti.
Pada pertemuan ini tema yang akan saya utarakan adalah pendidikan untuk melestarikan budaya Jawa. Pendidikan memiliki andil yang besar terhadap upaya melestarikan kebudayaan Jawa. Karena dari pendidikan kebudayaan itu, kita bisa memberi ilmu dan pengetahuan apa saja yang ada dalam kebudayaan Jawa. Kebudayaan Jawa sekarang ini berada di jurang kepunahan, karena sudah sedikit generasi muda yang tertarik dan melestarikan kebudayaan Jawa.
Kebudayaan-kebudayaan yang akan hilang itu bisa diselamatkan melalui peran sekolah yang mempunyai peranan besar pada pelatihan generasi muda yang memiliki kemampuan dalam kebudayaan-kebudayaan Jawa terutama kebudayaan yamg akan hilang. Dengan dibantu oleh peran para siswa, insya Allah kebudayaan Jawa itu bisa lestari.
Pendidikan budaya itu dapat dipakai sebagai pembekalan para siswa tentang kebudayaan Jawa. Sehingga, para siswa lulusan sekolah ini memiliki bekal tentang kebudayaan Jawa dan siap terjun di tengah masyarakat untuk melestarikan budaya Jawa. Para siswa juga dapat menularkan ilmu yang telah didapat dari bangku sekolah kepada masyarakat yang masih awam tentang kebudayaan Jawa serta siswa juga dapat berkontribusi tentang kebudayaan Jawa yang belum diajarkan di sekolah. Sehingga, para siswa bisa mendapat pembelajaran kebudayaan Jawa dari dua sumber yakni pendidikan formal atau sekolah dan juga dari masyarakat.
Semoga lewat pendidikan budaya ini generasi muda bisa memberi kontribusi yang besar terhadap usaha agar budaya Jawa tetap lestari.
Cukup sekian yang dapat saya sampaikan, apabila terdapat kesalahan, saya mohon maaf yang sebesar-besarnya. Terima kasih.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
3. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Lingkungan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para bapak, para ibu guru ingkang kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing panggenan mriki. Ing dinten punika, kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Karesikan Lingkungan Sekolah”.
Rencang-rencang mengertos yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan. Njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit, ananging katinggal awrat sanget dipunlampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing pangggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.
Dipuntingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipuncawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun minangka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita.
Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku njagi karesikan. Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentunipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Baca Terjemahan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para bapak, para ibu yang terhormat dan teman-teman yang saya sayangi. Sebelumnya, mari kita bersama-sama panjatkan puji syukur ke hadirat Tuhan yang Maha Pencipta, yang telah memberi rahmat dan hidayah, sehingga kita bisa berkumpul di tempat ini. Pada hari ini, saya ingin berpidato tentang “Menjaga Kebersihan Lingkungan Sekolah”.
Teman-teman mengerti bahwa lingkungan ini tempat hidup segala makhluk hidup. Oleh sebab itu, kita harus menjaga kelestarian lingkungan agar kita bisa hidup dengan tentram. Salah satu cara menjaga kelestarian lingkungan adalah menjaga kebersihan. Menjaga kebersihan lingkungan bisa dimulai dari hal-hal kecil namun berat sekali untuk dijalani. Misalnya, membuang sampah pada tempatnya. Sekarang, kesadaran untuk menjaga kebersihan di lingkungan kita masih sangat kurang.
Melihat lingkungan sekolah kita yang masih ada sampah-sampah yang berserakan, entah itu sampah plastik makanan dan plastik minuman atau kertas. Padahal, tempat sampah yang disiapkan sekolah sudah mencukupi. Di setiap pojok sekolah ada tempat sampah. Namun tidak ada niat dari kita untuk membuang sampah pada tempatnya sebagai wujud menjaga kebersihan lingkunga sekolah kita.
Selain membuang sampah di tempatnya, kita juga bisa menjalankan piket kelas sebagai tindakan menjaga kebersihan. Sekian pidato yang dapat saya sampaikan. Mohon maaf apabila ada kesalahan tutur saya. Dari lubuk hati terdalam saya ucapkan terima kasih.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
4. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Narkoba
Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Puji saha syukur kita panjataken dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala ingkang sampun daya rahmat lan hidayahipun kagem kita sedaya sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.
Kenapa sarto salam mugi katetepna dhumateng Nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam, lan sedaya umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.
Bapak ibu serta kanca-kanca ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba sarta obat-obatan ingkang dipunlarang. Kito sedaya sampun katerangaken barito ing pawartos tivi sok sintena ingkang ginaaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau. Sawisipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.
Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipuntingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba punika gampil kenging penyakit.
Awit punika kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo sepisan-pisan ngginakaken narkoba lan obat-obatan terlarang. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola, lan sakpiturute.
Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken punika.
Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito. Ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipunlarang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedaya dados umatipun ingkang becik.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.
Baca Terjemahan
Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Puji dan syukur kita panjatkan ke hadirat Allah Subhanahu Wa Ta’ala yang sudah memberi rahmat dan hidayahnya untuk kita semua sehingga kita semua dapat berkumpul di tempat ini dengan keadaan sehat wal afiat.
Shalawat dan salam, semoga senantiasa tercurah kepada Nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam, dan semua umatnya hingga akhir zaman nanti amin.
Bapak ibu serta teman-teman yang terhormat. Di sini saya akan pidato tentang bahaya narkoba serta obat-obatan yang dilarang. Kita semua sudah diberitakan di TV pada siapa saja tentang bahaya menggunakan narkoba. Selain akan merusak badan, kesehatan dan pikiran tidak bisa sehat.
Orang yang memiliki ketergantungan terhadap narkoba dapat dilihat dari kesehatan tubuhnya. Karena orang yang ketergantungan narkoba mudah terkena penyakit.
Oleh sebab itu, saya mengajak warga masyarakat untuk tidak coba-coba menggunakan narkoba dan obat-obatan terlarang. Mari kita semua menggunakan waktu untuk hal-hal yang positif misalnya membaca buku, olahraga, dan lain sebagainya.
Bapak ibu dan teman-teman yang terhormat dengan pengertian yang telah saya utarakan.
Saya mengajak, mari kita selalu menjaga badan kita. Jangan sampai menggunakan barang yang dilarang agama lan pemerintah. Semoga kita menjadi umat-Nya yang baik.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.
5. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kesehatan
Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh
Dumateng para rawuh ingkang kinormatan,
Ing kasempetan punika kawula badhe sekedhik matur babagan kasarasan. Kasasaran punika kawontenan sejahtera saking tiyang gesang saupakara jasmani uga rohani.
Kasarasan punika ngrupikaken anugrah saking Gusti Kang Moho Agung kersanipun kito sedaya saged nglampahi kegiatan. Kito sedaya uga kedah saged ngreksa kasarasan saliro kito piyambak-piyambak saderenge telat.
Menawi kasarasan kito sedaya tetep kerekso, pramilo kito sedaya saged numindakaken aktivitas sadinten-dinten kanthi lancar amargi lebet saliro ingkang waluyo wonten jiwo ingkang kiyat.
Dadosipun kito sedaya saged njejer prestasi langkung kathah kagem masa ngajeng bongso kito sedaya amargi bongso ingkang kiyat punika bongso ingkah sehat. Menawi masyarakat sehat milo satunggal bongso badhe dados sehat uga kiyat, mekatena sawalakipun, tiyang ingkang kathah sesakitan milo bongso badhe dados lemah.
Bapak ibu poro rawuh ingkang kawula mulyakaken,
Menggah ing mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntumindakaken kagem njogo kasarasan, salah satunggalioun inggih punika olahraga. Olahraga inggih punika perkawis paling gampil kagem dipuntumindakaken kersanipun saliro tetep sehat. Tuladhanipun senam utawi mlampah lan sepedaan. Olahraga punika saged ngirangi risiko gerah jantung, stroke, lan diabetes.
Kejawi olahraga, kito sedaya uga kedah ngasringaken pola dhahar ingkang sehat, inggih punika kaliyan upakara dhahar dharan ingkang nggadhahi gizi seimbang lan nggadhahi zat-zat ingkang dibetahaken dening badhan.
Kados karbohidrat, protein, mineral, vitamin, ugi lemak non jenuh. Kaliyan ngasringaken pola dhahar sehat badhan badhe waras, nyegah keleman, uga tebih saking penyakit.
Ingkang kaping tigo inggih punika ngaso, kathah saking kito ingkang langkung migatosaken panyambut damelanipun saking wonten ngasonipun. Dadosipun saliro kraos lemes uga kesel. Pramilo saking puniko saribet punopo padamelan kito sedaya, sepetaken kagem kendel.
Dados pelajar, kito sedaya saged ngugenanipun kaliyan perkawis-perkawis kaliyan mbentuk pola sugeng ingkang disiplin, kados to kaliyan ngreksa pola sare ingkang cekap udakawis 6 dugi 8 jam, siram ugi sarapan ingkang mboten lumangkung sadereng sekolah kersanipun mboten kraos ngantuk wonten kelas, ugi kala ngaso istirahat jajan dhaharan ingkang sehat.
Cekap semanten ingkang saged kulo aturaken, mugi-mugi saged migunani kagem kito sedaya ugi mugi-mugi Gusti Alloh tansah ngreksa kasarasan kito sedaya. Nyuwun pangapunten menawi wonten salah ukara, amargi kawula namunga manungsa ingkang mboten luput saking kalepatan.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh.
6. Contoh Pidato tentang Peringatan Hari Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 2 Semarang ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 2 Semarang saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 2 Semarang sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
7. Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Padat
Assalamu’alaikum wr.wb.
Ingkang kulo hormati bapak kaliyan ibu guru
Ingkang kulo hormati dewan juri
Dumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani
Hadirin ingkang kula tresnani lan kula hurmati
Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur dumateng Gusti Allah SWT amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya. Saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat lan afiat.
Hadirin ingkang kulo hormati
Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya.
Hadirin ingkakng kulo hormati
Babakan kebersihan lingkungan sekolah yaiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo nyegah penyakit penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken umpami wonten klenta klentunipun kulo nyuwun agunging pangpunten.
Waasalamu’alaikum wr.wb
8. Teks Pidato Bahasa Jawa dengan Kromo Inggil
Assalamuailum Wr. Wb.
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Desa Sendangmulyo, Ingkang pantes sinudarsana Bapak Perangkat Desa, Ingkang kinurmatan Bapak tuwin Ibu, para kadang wredha mudha warga Desa Sendangmulyo.
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan sedaya ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Wikan. Inggih awit sih sarta brekahipun, kula lan panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi sehat wal afiat boten kurang satunggaling punapa.
Salajengipun, kula ngaturaken sugeng rawuh ing acara “Pengetan Kemerdekaan Indonesia ingkang Kaping 76” punika. Mugi-mugi kula panjenengan sedaya saged pikantuk Gusti Ingkang Maha Agung. Boten kesupen ugi kanca-kanca panitia ingkang sami sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.
Para hadirin,
Bangsa Indonesia punika bangsa ingkang ageng, bangsa ingkang dumados saking kathah suku lan agami. Saben suku utawi agami nggadhahi pembeda, pembeda punika boten kena didadosaken pengaling aling kangge mujudake kerukunan marang sesami. Pembeda punika satuhune didadosake alat kagem membina rasa setya marang nusa, bangsa, lan negari.
Sakpunika bangsa Indonesia nembe ngadhepi masalah kerukunan sosial lan agami. Kathah kerusuhan ingkang dipunsebabaken SARA. Menawi boten saged diatasi, masalah punika saged ngrusak persatuan bangsa Indonesia.
Awit saking punika, kula panjenengan sedaya kedah saged njaga kerukunan marang sesami, supados bangsa Indonesia punika saged dados bangsa ingkang aman lan mulya.
Bapak saha ibu ingkang satuhu bagya mulya, cekap semanten anggenipun kula paring pangertos panjenengan sedaya. Mbok bilih wonten lepatipun, kula nyuwun agunging pangapunten dhateng panjenengan sedaya.
Matur nuwun.

Prinsip Pidato Bahasa Jawa
Kamu telah membaca contoh pidato bahasa Jawa pendek di atas. Dalam berpidato bahasa Jawa, ada beberapa hal penting yang harus diperhatikan. Hal penting tersebut antara lain adalah bahasa, isi, serta unsur 4W (Wicara, Wiraga, Wirama, Wirasa).
1. Bahasa (Basa)
Bahasa yang digunakan untuk berpidato harus sesuai dengan pendengar. Jika mayoritas adalah orang tua (orang sepuh), sebaiknya gunakan bahasa Jawa krama alus. Jika mayoritas anak muda, kamu bisa gunakan antara ngoko alus atau krama lugu.
Nah, untuk mempermudah pembuatan naskah pidatomu, kamu bisa gunakan alat translate bahasa Jawa berikut untuk menerjemahkan bahasa indonesia ke Jawa ngoko, krama alus, maupun krama lugu.
2. Isi Pidato
Isi pidato bahasa Jawa harus sesuai dengan tema acara, serta sesuaikan juga tingkat kedalaman materi dengan audiens yang hadir. Selain itu, kamu juga harus menyesuaikan panjang isi pidato dengan durasi waktu yang disediakan.
Untuk memeriahkan suasana, kamu juga bisa selingi pidatomu dengan beberapa humor atau lelucon sesuai dengan pendengar yang hadir.
3. Unsur 4W
Unsur 4W yang dimaksud di sini antara lain:
- Wicara: Cara penyampaian pidato dengan bahasa Jawa yang baik dan benar.
- Wiraga: Sikap saat melakukan pidato, termasuk sikap berdiri dan pergerakan tangan.
- Wirama: Cara mengatur irama pada kalimat saat menyampaikan pidato.
- Wirasa: Penjiwaan dalam menyampaikan pidato sesuai dengan suasana pada acara yang berlangsung.
Selain digunakan dalam tembang macapat, keempat unsur tersebut juga harus kamu perhatikan dalam menyampaikan pidato bahasa Jawa.
Itulah beberapa contoh pidato bahasa Jawa beserta dengan struktur dan hal penting yang harus diperhatikan. Untuk berpidato, kamu bisa menggunakan naskah maupun spontan.
Jika ingin menggunakan naskah, sebaiknya kamu buat persiapkan sesuai dengan struktur dan contoh yang sudah dijelaskan, kemudian cek penggunaan bahasanya apakah sudah sesuai atau belum.
Dapatkan berita terbaru! Ikuti kami di Google News dan dapatkan kabar terupdate langsung di genggaman.
- Pengertian Sesorah
- Tujuan Pidato Bahasa Jawa
- Struktur Pidato Bahasa Jawa
- Contoh Pidato Bahasa Jawa dalam Berbagai Tema
- 1. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan
- 2. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
- 3. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Lingkungan
- 4. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Narkoba
- 5. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kesehatan
- 6. Contoh Pidato tentang Peringatan Hari Kartini
- 7. Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Padat
- 8. Teks Pidato Bahasa Jawa dengan Kromo Inggil
- Prinsip Pidato Bahasa Jawa